Tembung “plutan” asale saka tembung lingga; pluta, sing tegese; rangkep.

Tembung plutan yaiku tembung kang dirangkep wandane, supaya suda akehing (cacahe) wandane. Cacahing wanda tembung plutan iku diringkes supaya luwih sthithik. Umpamane tembung “para” bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora owah. (“Tembung plutan yaitu kata yang digabung ejaan/ bacaanya, agar berkurang jumlah ejaannya. Jumlah ejaan kata tembung plutan itu diringkas supaya lebih sedikit. Misalnya tembung “para” dapat diringkas atau dipluta menjadi “pra”, namun artinya tidak berubah“.)

Tembung pluta iki kaprahe tinemu ing sajroning gatra-gatrane tembang, kanggo mburu guru wilangan, samangsa ing gatra iku kakehan cacahing wandane. (“Tembung plutan itu biasanya terdapat didalam gatra/ urutan kalimat tembang, untuk mengejar guru wilangan, ketika di dalam gatra/ urutan kalimat tembang kelebihan jumlah ejaannya“.)
Tuladha;
Kinanthi gatra kapapat;
tumrap ukara gancaran samestine; “Wanodya ayu kuru aking“.
tumrap ing cakepan tembang, kena; “Wanodya yu kuru aking“
amarga ing gatra iki guru wilangane kudu 8, mula tembung “ayu” kena dipluta dadi “yu“.

Contoh tembung plutan liyane kayata;

abot dipluta dadi botamrih dipluta dadi mrihamung dipluta dadi mungawit dipluta dadi witawor dipluta dadi woralon dipluta dadi lonliyan dipluta dadi lyanluwih dipluta dadi lwihmaring dipluta dadi mringperang dipluta dadi prangseru dipluta dadi srusuwarga dipluta dadi swargasuwiwi dipluta dadi swiwiserat dipluta dadi sratsuwara dipluta dadi swaraweruh dipluta dadi wruhsarana dipluta dadi sranasari dipluta dadi srikuluban dipluta dadi klubansinarawedi dipluta dadi sinrawedidarana dipluta dadi dranamurih dipluta dadi mrihkuwalon dipluta dadi kwalonwelas dipluta dadi wlasdicuwowo dipluta dadi dicwowopinara dipluta dadi pinraambo dipluta dadi mbosumangkeyan dipluta dadi smangkeyan

Baca juga:
Tembung Baliswara
Tembung Panyandra Bahasa Jawa dan Artinya
Tembung Pepindhan Jawa, Contoh dan Artinya

Demikian ulasan tentang “Tembung Plutan dan Contohnya” yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel sastra Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.